Selasa, 21 Februari 2017

WAYANG



Wayang
Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

e-wayang kang tinatah lan sinungging mawa media digital
Wayang dumadi saking tembung wod "yang/hyang" angsal ater-ater wa-. Tegesipun roh ingkang saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken pangéjawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka ingkang umumipun katon éndah ing wewayangané lan dipunlampahaken déning dhalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebat saged ingkang awujud 2 dhimènsi utawa wujudé 3 dhimènsi. Ingkang wujud 2 dhimènsi umumipun dipundamel saking kulit (walulang), ingkang asring kulit sapi, utawi wedhus. Déné ingkang awujud 3 dhimènsi, lumrah dipundamel saking kayu ingkang dipunrenggani panganggo saking kain ingkang manéka warni adhedhasar karakter wayang kasebat. Ananging ing sawatara tlatah, ugi wonten ingkang dipundamel saking suket lan kerdhus, ananging wayang jinis makaten boten radi kathah dipuntemoni. Manut ing kemajuanipun jaman, sampun tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken média digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan sinungging kanthi média digital kasebat e-wayang.
Cariyos ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking épos Mahabharata kaliyan Ramayana ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa. Ugi wonten ingkang nanggap lakon cariyos-cariyos 1001 dalu saking tlatah Arab. Wayang ingkang kados makaten diwastani Wayang Menak. Pagelaran punika misuwur ing tlatah Jawa.
Sajroning pagelaran punika wayang ditancepaken ing debog (wit gedhang) ing sisih tengen lan kiwanipun dhalang. Ing tengah, caritané digelar. Sedinten sedalu lakon dipunwedhar.
Wayang punika boten namung sumebar ing Jawa kemawon, ananging ugi ing tlatah sanès ing Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang èdi pèni ing babagan cariyos dongèng lan warisan ingkang berharga sanget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalikipun, UNESCO nyuwun supados Indonésia njagi (preserve) warisan punika.[1].

Sajarah
Para ahli dèrèng wonten ingkang saged masthèkaké kapan wayang wiwit wonten ing Indonésia. Ananging yèn mirsani prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kinten-kinten sampun wonten sadèrèngipun agama Hindu mlebet. Rikala samanten lakon wayang dèrèng nganggé cariyos-cariyos ingkang dipunpundhut saking India. Pagelaran punika dipunanggé sarana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara anggitan sastra jaman Mataram énggal kathah ingkang nyerat prakawis sajarah wayang. Ananging, para ahli sajarah boten sarujuk marang menapa ingkang dipunserat wonten mriku amargi boten cocog marang cathetan lan tinggalan sajarah ingkang sampun wonten.
Prasasti paling kino wonten ing abad kaping IV Masèhi. Prasasti ngandhut ukara mawayang kanggé pagelaran pahargyan sima utawi bumi perdhikan. Katrangan ingkang langkung trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masèhi. Wonten ngriku dipunserat si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Tegesipun kinten-kinten: Si Galigi ndhalang kanggé Hyang kanthi lakon Bimma Sang Kumara."
Agama Hindu ingkang mlebet ing Nusantara damel cariyos wayang bènten kaliyan aslinipun. Cariyos Ramayana lan Mahabharata wiwit dipunanggé kanggé dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), kathah cariyos saking India ingkang mlebet lan dipundamel gagrag jawanipun. Wayang wiwit nyebar ing pundi-pundi rikala Majapahit nguwasani Nuswantara.
Cariyos-cariyos ingkang aslinipun saking India punika pungkasanipun sampun gèsèh kaliyan sadèrèngipun. Para pujangga Jawa damel cariyos piyambak kangge mepaki menapa ingkang sampun wonten. Ing pedhalangan, cariyos-cariyos punika dipunsebat lakon carangan.
Rikala jaman Islam mlebet, Walisanga ugi nganggé wayang ing panyebaranipun. Ing jaman punika wiwit wonten Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah kathah ngepasi Mataram anyar. Walanda ingkang digdaya damel Kraton Surakarta ngracik kathah cariyos wayang kanggé nglelipur manah.
Indonésia mardika ugi nyumbang gagrag wayang ingkang manéka warni. Manéka warni wayang wau wonten ingkang tetep dipungelar ugi wonten ingkang namung gesang ing jamanipun piyambak. Wayang ingkang paling kathah dipunanggé inggih punika wayang kulit purwa.

Wayang Bali
Sebutanipun Wayang
Menawi dipunpundhut saking ukaranipun, wayang punika saking wewayangan, amargi pagelaranipun wonten ing wekdal wengi lan nganggé lampu. Ananging katrangan punika sampun boten saged dipunugemi malih. Wayang dados boten mligi bonéka ingkang wonten wewayangané. Wayang golèk ingkang dipundamel saking kayu boten ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang sampun dados pagelaran bonéka ingkang dipungelar déning dhalang.
Umumipun, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang punika dipundamel saking tatahan kulit kéwan kanthi lakon saking Mahabharata lan Ramayana.
Manéka Warni Wayang
Wayang ing tanah Jawa
  • Wayang Bèbèr inggih punika wayang ingkang dipundamel saking kain utawi kulit lembu ingkang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran punika nggambaraken satunggal adegan cariyos. Menawi sampun rampung dipunlakonaken, bèbèrane dipungulung malih. Wayang punika dipundamel jaman krajan Majapait. Wayang punika pinangka saking Pacitan lan Gunung Kidul.[2] Wayang punika dipundamel kanthi kuwat ing bab rong dimensinipun kanthi seni lukis ing kanvas.[2] Tiyang-tiyang ingkang nglestarèkaken wayang punika inggih punika: Musyafiq kanthi damel wayang bèbèr ingkang narasinipun paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi langkung nyiptakaken figur wayang ingkang corakipun dhekoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto damel wayang bèbèr kanthi saking awujud wayang purwa lajeng dipunabstraksi saking rèalitas gesangipun manungsa ing saben dintenipun.[2]
  • Wayang Kulit
  • Wayang klithik
  • Wayang Golèk ugi kathah tiyang ingkang mastani wayang tengul. Wayang punika dipundamel saking kayu lan dipunrasuki kados manungsa. Sumbering cariyos dipunpundhut saking sajarah kadosta cariyos Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp. Cariyos wayang punika ugi saged dipunpundhut saking dongèng nagari Arab. Menawi péntas ingkang dados ciri khasipun wayang golék inggih punika boten nganggé kelir utawi layar kadosta wayang kulit.
  • Wayang Gedhog: Wayang punika wujudipun mèh sami wayang kulit. Ingkang dipundamel kirang langkung warsa 1400-an. Sumbèripun cariyos saking cariyos ratu ing Jawa, ing antaranipun Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang punika namung saged dipuntemokaken wonten muséum.
  • Wayang Menak inggih punika wayang saking kayu ingkang dipundamel persis (kawangun) tiyang.[3] Cariyosipun inggih punika babagan dakwah Islam kadosta: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.[3]
  • Wayang Kancil: Wayang punika ugi dipunwastani wayang Dupara.[3] Wayang ingkang dipundamel saking lulang. Cariyosipun sèrinipun Kancil.[3]
  • Wayang Wahyu: ugi kasebat wayang bibel punika dipunciptakaken déning Bruder Tèmothèos kanggé nyiaraken agama Kristen.
  • Wayang Pancasila
  • Wayang Sejati
  • Wayang Jemblung: Wayang saking kayu ingkang dipundamel persis (kawangun) tiyang.[3] Wayang punika sumebar wonten ing laladan pesisir lor, Blora, lan Cepu. Cariyosipun babagan Cacad kados kethoprak.[3]
  • Wayang wong: Wayang ingkang dipunparagaaken déning tiyang ingkang wonten tarinipun. Sumbering cariyos saking Ramayana lan Mahabarata. Paguyuban ingkang misuwur kanthi pagelaran wayang wong inggih punika Ngèsthi Pandawa (Semarang), Sriwedari (Surakarta).
  • Wayang Sandosa
  • Wayang Ukur
  • Wayang Jawa
  • Wayang Topèng
  • Wayang Potèhi: Wayang ingkang awujud bonéka alit-alit.[3] Cariyosipun mangsa jaman Kraton Tar-tar utawi Babad Cina.[3] Thio Tiong Giè inggih punika salah satunggaling dhalang wayang potèhi ing Semarang Tengah ingkang manggèn ing Désa Pesantrèn, Kelurahan Purwodinatan.[4] Panjenenganipun gadhah prinsip paribasan Cina Tiongkok ingkang dados semangatipun kanggé nglestarèaken Wayang potèhi punika: ”Tak ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.”[4] Menawi wayangan panjenenganipun ngginaaken Basa Indonésia kanggé basa pengantar, benten kaliyan para sesepuhipun ingkang rumiyin ngginaaken basa Cina.[4] Ciri khasipun panjenenganipun ugi asring ngginaaken tembang campursari.[4] Thio Tiong Gie sapunika sampun yuswa 76 taun, kathah prihatinipun mikiraken kabudayanipun ingkang namung dipunpirsani déning saglintir tiyang ingkang kalah tebih manawi dipunbandingaken kaliyan jaman rikala semanten.[4] Langka sanget ingkang kepéngin nyinaoni wayang punika, ingkang dados generasinipun namung satunggal kémawon tiyangipun inggih punika Oei Tjiang Hwat ingkang asring ngancani menawi wayangan.[4] Para niyaganipun sami tebih sanget inggih punika saking Surabaya[4]
Panjenenganipun maringi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umuré nganti 100 taun, dhèwèké bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahé digawé dadi panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepéling-pepéling kang manfaati tumrap uripé manungsa."[4]
  • Wayang Révolusi
  • Wayang Dongèng: Wayang Dhongèng punika dipundamel saking dluwang ingkang dipungambari wayang awujud kéwan-kéwan. Wayang punika nyariyosaken babagan donyanipun kéwan ingkang dados sarana reflèksi saking donyanipun manungsa. Wonten ing wayang punika dipunsarujuki boten wonten ingkang dados dhalang ingkang lumrahipun tunggal dados sadayanipun paraga wonten wayang, lajeng sinten kemawon saged dados dhalang, ingkang saged prasaja gunemanipun.
  • Wayang Fabel







Jumat, 17 Februari 2017

AKSARA JAWA



A.   AKSARA LEGENA/CARAKAN
Aksara legena yaiku aksara Jawa sing durung entuk sandhangan utawa pasangan. Aksara legena uga diwastani aksara carakan. Cacahe ana 20 kaya ing ngisor iki.
a   n   c   r   k
 Ha       Na       Ca       Ra       Ka
f   t   s   w   l
 Da       Ta        Sa       Wa        La
p   d   j   y   v
 Pa      Dha      Ja        Ya        Nya
m   g   b   q   z
 Ma      Ga        Ba       Tha     Nga
Tuladha:
  1. lara                      lr
  2. mata                     mt
  3. sapa                      sp
  4. apa                        ap
  5. radha                   rd
B.   SANDHANGAN AKSARA JAWA
1.    Sandhangan Swara
Sandhang Swara cacahe ana 5, yaiku wulu, suku, pepet, taling, lan taling tarong kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
a.    Wulu ( ...i.)
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan wulu, swara a owah dadi swara i.
Tuladha:
1)    kali               kli
2)    wiji                wiji
b.    Suku (..u..)
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan suku, swara a owah dadi swara u.
Tuladha
1)    buku                         buku
2)    tuku                          tuku
c.    Pepet (....e.)
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan pepet, swara a owah dadi swara e’, kajaba aksara la (l ) lan ra (r ). Ing panulisan aksara Jawa la pepet (le ) diganti nga lelet (X ) lan ra pepet (re ) diganti pa keret (x ).
Tuladha:
1)    teka                          tek
2)    sega                         seg
3)    lenga                        Xz
4)    rega                          xg
d.    Taling ([ ....)
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan taling, swara a owah dadi swara e.
Tuladha:
1)    lele                           [l[l
2)    seje                          [s[j
e.    Taling Tarong ([.....o)
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan taling tarong, swara a owah dadi swara o.
1)    kebo                         ke[bo
2)    bodho                       [bo[do
2.    Sandhangan Panyigeg Wanda
Sandhangan panyigeg wanda sejatine cacahe ana 3 yaiku wignyan, layar, lan cecek. Ananging kadhang kala pangkon kalebokna ana ing sandhangan panyigeg wanda, kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
a.    Wignyan ( ....h )
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan wignyan, aksarane dadi ketambahan konsonan h ing mburine.
Tuladha:
1)    gajah                        gjh
2)    sawah                      swh
b.    Cecek (...=..)
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan cecek, aksarane dadi ketambahan konsonan ng ing mburine.
Tuladha:
1)    kacang                     kc=
2)    padhang                   pd=
c.    Layar (.../..)
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan layar, aksarane dadi ketambahan konsonan r ing mburine.
Tuladha:
1)    sabar                        sb/
2)    dhahar                      da/
d.    Pangkon (.....\)
Pangkon gunane kanggo mateni aksara Jawa, kajaba aksara ha, ra, lan nga. Pangkon mung bisa digunakake ing mburi tembung utawa ukara. Pangkon menawa ing tengah ukara diwaca koma.
1)    jaran                         jrn\
2)    bapak                       bpk\
3.    Sandhangan Wyanjana
a.    Cakra (.....])
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan cakra, aksarane dadi ketambahan konsonan r ing tengahe.
Tuladha:
1)    krasa                        k]s
2)    braja                         b]j
b.    Keret (.....})
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan keret, aksarane dadi ketambahan konsonan r ing tengahe lan swarane owah dadi e’.
Tuladha:
1)    kreteg                       k}teg\
2)    sregep                      s}gep\
c.    Pengkal (.....-)
Aksara Jawa menawa diwenehi sandhangan pengkal, aksarane dadi ketambahan konsonan y ing tengahe.
Tuladha:
1)    kyai                          k-ai
2)    madya                      mf-
C.   PASANGAN AKSARA JAWA
Pasangan aksara Jawa iki digunakake kanggo mateni aksara Jawa menawa mapane ing tengah tembung utawa ukara. Amarga ing tengah tembung utawa ukara, aksara Jawa ora kena dipangkon, mula menawa arep dipateni kudu nganggo pasangan. Pasangan aksara Jawa cacahe padha karo aksara legena yaiku ana 20 kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
...H    ....N..  ....C..   ....R..   .....K..
  Ha           Na         Ca          Ra        Ka
....F..     .....T..    ...S   ....W..    .....L..
  Da           Ta          Sa          Wa         La
...P    .....D..      ....J..      .....Y..      ....V
  Pa            Dha        Ja         Ya         Nya
....M..         .....G...     .....B...       .....Q..      ....Z...
 Ma            Ga         Ba        Tha        Nga
Tuladha:
1.    numpak                      numPk\
2.    gelem nyapu              gelemVpu
3.    macan galak              mcnGlk\
4.    tuku panci                  tukupvCi
5.    panjenengan              pvJenezn\
Penget : menawa aksara na dipasangi pasangan ca utawa ja ing sajroning tembung, aksara na kasebut owah dadi nya kaya panulisan ing dhuwur.
D.   AKSARA SWARA
Aksara swara biyasane digunakake kanggo nulis jeneng, bisa jeneng wong, jeneng panggonan, utawa jeneng samubarang. Aksara swara cacahe ana 5, yaiku kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
Aksara Latin                        Aksara Swara
      a                                              A
i                                               I
u                                              U
e                                              E
o                                              O
Tuladha:
1.    Allah                           AlLh
2.    Imanuel                      ImnuEl\
3.    Umar                          Um/
4.    Eropa                         E[rop
5.    Oktober                      O[kTobe/
E.    ANGKA JAWA
Angka Jawa menawa ditulis ing sajroning ukara kudu diapit padha pangkat amarga angka Jawa iki saperangan ana sing padha karo aksara legena. Angka Jawa cacahe ana 10 kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
Angka Latin              Angka Jawa
0                                  0
1                                  1
2                                  2
3                                  3
4                                  4
5                                  5
6                                  6
7                                  7
8                                  8
9                                  9
Tuladha:
1.    23                                                       23
2.    360                                                     360
3.    5768                                                   5768
4.    Tuku buku 5.                                      ?tukubuku;5;.
5.    Mangan sate 10 sindhik.                    ?mvnS[t;10;sinDik\,
F.    AKSARA REKAN
Aksara rekan digunakake kanggo nulis tembung-tembung sing asale saka manca, biyasane tembung saka basa Arab sing wis diadopsi dadi basa Jawa. Aksara rekan cacahe ana 5, kaya kang kaandharake ing ngisor iki.
Akasara Latin                       Aksara Rekan
      kha                                          k+
      dza                                          f+
      fa/va                                        p+
      za                                            j+
      gha                     g+
Tuladha:
1.    khasanah                   k+snh                             
2.    dzikir                           f+iki/
3.    fasih                           p+sih
4.    zakat                          j+kt\
5.    ghaib                          g+aib\
G.   PADA (TANDHA WACA)
Tandha waca ing aksara Jawa sejatine ana akeh, ananging kang asring katemokake ana ing wacan aksara Jawa yaiku adeg-adeg, pada lingsa, lan pada lungsi.
1.    Adeg-adeg ( ? )         : gunane kanggo miwiti ukara utawa pada (paragraph)
2.    Pada Lingsa ( , )       : gunane padha karo tandha koma ( , ) ing aksara latin
3.    Pada Lungsi ( . )      : gunane padha karo tandha thithik ( . ) ing aksara latin