1.
Pangertosan
Pawarta
Pawarta
inggih menika informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang
dumadi, diwartakake lumantar awujud cetak, siaran, internet, utawa saka
pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Sawijining informasi kang karacik
ing sajroning pawarta padatan ngandhut informasi kang wigati (penting).
Pawarta
duwe titenan (ciri-ciri) yaiku:
1.
Tinemu ing akal
(penalaran logis)
2.
Informasi pepak kang
jumbuh kaliyan rumus 5W+1H
3.
Struktur basa trep
4.
Diksi trep ora ambigu
5.
Narik kawigaten
6.
Basa kang nengsemake
Pawarta
ana kang awujud nonformal utawa non
berita kang bisa ditegesi minangka informasi kang asipat panglipur, ananging
ngandhut kawruh. Umpamane sawijining pengalaman, panemu, teknik-teknik kang
paedah sajroning urip padinan. Lajeng
pawarta ingkang awujud berita (news),
yaiku sawijining sajian utama ana ing mediya massa kajaba opini.
Golekibahanpawartabanjurngrakitminangkasawijiningtugas-tugaspokokwartawanlanbagianredaksi
ana ingpers
(Media massa).
2.
Perangane
Pawarta
Perangane
pawarta ing antarane yaiku:
a.
Headline(judul/irah-irahan)
Headline Inggih menika
irah-irahan kang gunane kanggo: (1) nggampangake pamaca ngreteni pawarta kang
bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta dianggep wigati kanthi werna-werna aksara
utawa gambar.
b.
Deadline
(batas wektu)
Ancas deadline yaiku nuduhake papan kadadeyan
lan jeneng mediya massa, mula perangan iki nyebut jeneng media massa, papan,
lan tanggal kadadeyan.
c.
Lead
(teras pawarta)
Lead biyasane katulis ing
wiwitan pawarta, ing paragraf kapisan. Bab iku tinulis amarga minangka perangan
kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta, lan nggambarake
sakabehe pawarta.
d.
Bodylanguage
(surasane pawarta, bahasa tubuh)
Surasane
nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha.
Kanthi mangkono body language minangka
pangembange pawarta.
3.
Unsur-unsur
Pawarta
Unsur-unsur
kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W (what,
where, when, why, who) + 1H (How)-(apa,
ing ngendi, kapan, kenangapa, sapa, lan kepiye)
4.
Sipat
Pawarta
a. Aktual
(anyar). Bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
b.
Jarak (adoh/cedhak).
Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ingg sakiwa tengene
tinimbang pawarta saka papan liyan.
c. Penting. Sawijining bab
bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang penting amarga bisa ngendhaleni
panguripan ing bebrayan agung.
d.
Akibat. Sawijining bab
dadi pawarta yen ndadekake ngowah kahanan
e.
Congkrah/konflik. Pamaos luwih seneng nyetitekake
pawarta kang surasane cecongkahan.
f.
Tintrim (ketegangan).
Tuladhane: nalika nulungi wong ing kacilakan.
g.
Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi. Pawarta kang kekinian luwih narik kawigaten pamaose.
h. Emosi,
sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela.
Tuladha: nemokake bayi ing pawuhan.
i.
Humor,
gawe sengsem, mesem, lan guyu.
5.
Teknik nulis pawarta (tahap)
a. Pengorganisasian/nglumpukake
fakta utawa data. Data ing kene awujud wawancara (wawan rembug), kadadeyan langsung,
utawa data-data tinulis.
b.
Nemtokake teras berita
(lead)
c. Milih tembung-tembung
kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa
dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsane.
d.
Ngawiti nulis kanthi
jenjem lan temenan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar