Selasa, 23 Agustus 2016

TEMBANG MACAPAT


TEMBANG

A.      Pangerten  Tembang
Karya sastra timur utamane Indonesia mligine ing Jawa  wujude bisa kagolongake yaiku :
1.      Sinawung tembang ( puisi )
2.      Gancaran ( prosa )
Karya sastra kang awujud sinawung tembang miangka wujud karya sastra asli bangsa wetan (timur)  kadadean saka  pada utawa bait kang bisa diarani puisi Jawa utawa geguritan kang anggone medharake kanthi ditembangake, dene karya sastra kang awujud gancaran minangka wujuding karya sastra kang asale saka Negara Manca kulon (barat) kang kadadean saka paragrap.
Tembang wujuding geguritan kuna kang ngemu teges :
a.       Tembang kadadean saka rong tembung kang dicombor, yaiku saka tembung “tembung” lan “ kembang” kacombor dadi tembang mengku teges reroncening tembung kang dikembangi mawa titilaras Slendro lan Pelog
b.      Ana ing serat Sendhon Langen Swara weton Tan Gun Swi Kediri tahun 1940 mratelakake menawa tembang iku mengku serasa lelagoning tembung
c.       Ing serat Bausastra Jawa Kawi aggitane CF Winter SR cap-capan gupermen ing Betawi kang kawedhar ing tahun 1880 kaca 210 nyebutake Manawa tembang utawa sekar ngemu teges tabuh gitik utawa pupuh, mula yen lagi nindakake tetembangan disebut pupuh
d.      Kajaba saka iku ana panemu manawa tembang ngemu teges lelagoning tembung kang katindakake sarana swaraning manungsa (vocal), dene lelagon kang katindakake denig sarana swarane gamelan kinaran “ gendhing “.
Saka andharan kang kababar lan kajupuk saka werna-wern panemu iku, bisa kajupuk dudutan, menawa “ Tembang “ yaiku tembung utawa ukara kang dilagokake dening swaraning manungsa mawa laras slendro utawa pelog ( tangga nada Pentatonis ).
Jinising Tembang Jawa:
1.      Tembang Gedhe
2.      Tembang Tengahan
3.      Tembang Macapat
4.      Tembang Dolanan

B.       HAKIKAT TEMBANG MACAPAT
1.    Pangerten Tembang Macapat
Macapat uga sinebut Sekar utawa Tembang Cilik (alit), ana uga kang ngarani Maospatan utawa Macapatan, awit anggone nembangake kapedhot papat-papat wanda. Ewa semana anggone medhot tembung kudu ngelingi lang nggatekake reroncening kang karakit ana ing tembang, dadi ora waton medhot patang wanda, ananging kudu migatekake marang tembung-tembunge, aja nganti medhot kanthi andadekake surasa utawa tegese tembung dadi pudar utawa ora trep. Katrangan iku nuduhake manawa tembang macapat kategesake saka teknik utawa cara anggone nembangake utawa kanthi etimologis.
 Serat “Mardowalagu” anggitane R. Ng. Ronggowarsita (1802-1887) sawijining Pujangga Kraton Surakarta lan miturut wedharan Serat “ Centhini” anggitae Paku Buwana V ngandharake manawa tembang Macapat iku tembang kang kaping papat, babagan kuwi bisa kapirid saka golongane tembang kang wus kababar ing panjlentreh sakdurunge (kapungkur).
2.    Tuwuh  lan Ngrembakane Tembang Macapat
Miturut andharan Serat “Purwakanthi“ anggitane M. Ng. Mangun Wijaya (1922), Serat  “Titi Asri “ anggitane Supardal Hardosukarto (1925) sarta miturut Serat “Pathokaning Sekar“ anggitan R. Hardjowirogo (1925) nyebutake menawa tembang macapat iku wiwit ana nalika pungkasani jaman Majapahit raja Prabu Brawijaya VII ( 1978) lan ngrembaka ing Jaman Demak, Mataram Jawa Tengah lan sateruse.
Kasebutake uga manawa tembang Macapat karipta dening para Wali, katitik kayata : tembang Durma karipta dening Sunan Bonang, Pocung dening Sunan Muryapada, Mijih dening Sunan Geseng, Kinanthi dening Sunan Pajang, Dhandhanggula dening Sunan Kalijaga lan sapanunggalane.
3.    Jinis Golongan  Tembang Macapat
Saka pangerten kang sumebar ing masyarakat kalebu ing laladan pawulangan (pendidikan), tembang macapat kaperang ana 11 golongan utawa jinis yaiku
-          Mijil
-          Maskumambang
-          Sinom
-          Kinanthi
-          Asmaradana
-          Gambuh
-          Durma
-          Pangkur
-          Dhandhanggula
-          Megatruh  lan
-          Pocung
4.    Ciri  utawa Paugeran Tembang Macapat
a.      Ciri Struktural Tembang macapat
Tembang Macapat nduweni ciri structural utapa paugeran baku kang mbedakake tembang macapat karo karya sastra liyane kang awujud tembang utawa lelagon. Kang dikarepake ciri structural yaiku magepkan karo bleger utawa wujug phisik tembang Macapat
  Ciri struktural   mau nyakup ing babagan kayata :
1.      Guru Gatra                          : yaiku minangka akehe larikan uta ukara saben sapada tembang
2.      Guru Wilangan        : yaiku jumlahing wanda (suku kata) ing saben gatra
3.      Guru lagu                 : kanggo nybutake tibaning swara utawa dhong-dhing (huruf hidup)           ana ing pungkasaning gatra
4.      Pada                    : sebutan kang kadedean saka larikan utawa gatra ana ing satembang, uga kinaran bait ( bahasa Indonesia/paragrap)
5.      Pupuh                : kedadean saka akehing pada nanging isih satembang
b.      Ciri-ciri Non Struktural Tembang Macapat
1.      Lagu Winengku sastra
Ana ing tembang macapat lan tembang tengahan kita tapungi  istilah “Lagu Winengki sastra“ , yaiku minangka wujud teknik utawa cara nyajekake tembang. Tembang Macapat lan tembang Tengahan migunakakae lagu winengku sastra mengku teges manawa antarane lagu lan sastrane kang luwih dipentingake yaiku sastrane, mula ora mokal manawa ing tembang macapat olah basane luwih diutamakake katimbang lagune kang luwih prasaja. Dene  ing tembang Gedhe kang luwih dipentingake yaiku lagune tinimbang sastrane, mula ing tembang Gedhe ditepungi istilah Sastra winengku lagu.
2.      Watak-watak Tembang Macapat
Teknik nglagokake utawa nganggit  tembang macapat ora mung angger nata tembung lan ukara kang didhasarake marang strukturale, ananging uga kudu aturan non structural sing ora kalah wigatine, yaiku watak (karakter/sifat) ing saben tembang macapat
3.      Sasmita Tembang Macapat
Tembung sasmita mulabukane saka basa Kawi kang ateges semu, tandha utawa pasemon. Ana ing Basa Indonesia bisa kinaran samara. Sasmita yaiku tandha/tetenger kang ana ing saben tembang macapat, sasmita kasebut bisa awujud ukara utawa tembung kang mapan ana ing wiwitan utawa pungkasaning gatra kang nuduhake jinise pupuh tembang
Ciri struktural lan non struktural tembang macapat bisa karingkes  kaya ing ngisor iki
No
Jinise Tembang
Jumlah
Gatra
Guru lagu lan guru wilangan
Sasmita Tembang
1
Maskumambang

4 gatra
12i, 6a, 8i, 8a
Kentir, timbul, ngemasi, kentar, kumembeng, kambang, kekambangan
2
Pocung

4 gatra
12u, 6a, 8i, 12a
Kaluwak, bapak pocung,wohing pocung
3
Gambuh

5 gatra
7u, 10u, 12i, 8u, 8o,
Jumbuh, tambuh,tumambuh, tambuh-tambuh trep
4
Megatruh

5 gatra
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Pegat, dhudhuk, andhudhuk
5
Mijil

6 gatra
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Miyos, metu, wijil, tuwuh, mios
6
Kinanthi

6 gatra
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Kanthen, sarimbit, kanthi, gandheng, ginandhen
7
Asmaradana

7 gatra
8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
Kingkin, brangta, brangti gandrung, wuyung, kasmaran
8
Pangkur

7 gatra
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Pungkur, kawiyat, lalis, mingkur, wuntat, kawuntat, yudhakenaka lll.
9
Durma

7 gatra
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
Ngunduri, mundur, durkara, duraka, durmuka, kondur. Lsp
10
Sinom

9 gatra
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Anom, mudha, kanoman, taruna, Kenya, weni, srinata, roning, kamal lsp
11
Dhandhanggula

10 gatra
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Sarkara, artati, manis, gendhis, legi , dhandhang lsp

5.    Watak  lan Falsafah Tembang Macapat
Sak liyane paugeran-paugeran kang kababar ing ngarep, tembang macapat ing saben jinise nduweni watak tembang lan falsafah kang uga beda siji lan sijine. Watak tembang minangka sipat kang kakandhut ana ing saben jinis macapat, semana uga falsafahe tembang macapat yaiku minangka gemabarane panguripaning manungsa kang kawiwitan saka ing sajroning kandhutan, lair nganti tumekaning pati.
Babagan watak lan falsafah tembang macapat bisa kajlentrehake kaya ing ngisor iki :
No
Tembang
Falsafah
Watak
1
Mijil

Gambarake nalika bayi lair
Prihatin, mathuk kanggo crita kang ngmet kasedhihan utawa pitutur kang melas asih
2
Maskumambang

Nalika lagi bocah

Nelangsa, ngeres, mathuk kanggo nggambarake rasa sedhih lan karanta-ranta
3
Sinom
Nalika wong isih mudha/remaja
Lincah, trenggina. canthas, kenes lan sigrak kang nggambarake watake wong nalika isih mudha
4
Asmaradana
Ketaman asmara utawa tresna asih
Sedhih lan prihatin ing babagan katresnan
5
Kinanthi
Wus bisa urip bebarengan/ sarimbitan
Seneng, tresna mathuk kanggo pitutur kang ngemu rasa tresna utawa gembira
6
Gambuh
Bisa njumbuhake antarane kebutuhan lahir lan batin
Semanak, grapyak, sumadulur cocok kanggo pitutur kang raket lan nyenengake
7
Dhandhanggula
Wis bisa ngrasakake mainising urip utawa mulyaning panguripan
Ngresepakea, sedhep lan luwes mathuk kanggo medharake rasa kangapa wae

8
Durma
 Suka paweh derma, seneng tetulung amarga wus kacukupan uripe
Sereng, nesu, mathuk kanggo medharake rasaning ati kang gregeten utawa crita perang
9
Pangkur
Ngungkurake kadonyan
Teges, wani lan kenceng, mathuk kanggo crita utawa pitutur kang wani nesu
10
Megatruh
Pisahing nyawa lan raga
Trenyuh, memelas, keranta-ranta nrenyuhake
11
Pocung
Wus mati utawa wus dipocong
Greged kendho, santai sak kepenake
6.    Macapat Fungsi lan Gunane Tembang
Tembang macapat asring sinebut lagu waosan (wacan/bacaan), yaiku sawijining lagu kang mligi kanggo maca buku utawa tulisan/seratan kang awujud tembang.
Fungsi lan gunane tembang macapat akeh lan warna-warna, ing biyen nalika kerajaan, tembang macapt kaya ing ngisor iki, kayata :
a.       Kanggo medharake rasa lan ciptane para pujangga
Ing jaman biyen mula pujangga kraton manawa medharake isi manahe lan krenteging pikir lumrahe karana tembang.
b.      Kanggo tolak bala
Tembang macapat uga bisa kanggo nolak utawa nangkal sawijining rebeda utawa bebaya. Manut critane menawa nglagokake tembang macapat tolak bala ing wayah bengi bisa nyingkirake sakabehing gendam lan pangarah kang ora becik karana pambiyantu jin utawa lelembut, uga bisa nyingkirake sedya ala saka menungsa liyane, kayata : maling, kecu, lsp.
c.       Kanggo pitutur
Ora sethitik para leluhur kita manawa medharake pitutur karan tembang macapat, babagan iki bisa dipahami nalika sira nyinaoni ing tuladha-tuladhane tembang macapat kang kababar ing sabanjure.
d.      Kanggo crita
Ora sethitik crita-crita sejarah, babad crita wayang kang dianggit karana wujud crita, kayata : Ramayana, Mahabarata, Crita Colonarang, Serat Centhini, Damarwulan, lsp.
Sakliyane iku ing Jaman Kraton Demak nalika jamane para Wali Sanga tembang macapat kagunakake kanggo syi’ar agama Islam, Ananging saka majuning jaman fungsi lan gunane tembang macapat uga melu dadi ngrembaka ngetutake peradabane masarakat. Semana uga ing jaman saiki, ora sithik tembang macapat sakliyane kanggo syiar agama ora mung Islam, anangin uga agama liyane. Ing laladan Budaya Jawa Tengah wujud tembang macapat banjur digunakake ana ing sajroning karawitan. Fungsi tembang ora sethithik digunakake kanggo gendhing. Kayata :
-          bawa gendhing,                   - gerongan,
-          gendhing sekar,                   - sindhenan,
-          ada-ada/sulukan,                  - palaran
            Babagan iki nuduhake manawa macapat wus wiwit  digunakake/difungsikake kanggo panglipur. Kanthi mangkana wus pranyata manawa guna lan fungsine tembang macapat iku dadi saya kompleks lan akeh banget.
Cara nembangake tembang macapat diarani dhendha kerata , tegese anggone nembangake kudu cetha sambungane, lugu lan bares, prasaja (ora kakehan luk, cengkok lan wilet kaya tembang gedhe), amarga kudu inget teges lan wose tembang kang diwaca.
Babagan kang kudu dimangerteni lan dipahami kayata :
  1. Andhah swara lan anung swara
Andhah swara yaiku luk kang mapane ana ing wanda keri dhewe  utawa pungkasan gatra, dene anung swara yaiku luk kang mapan ana ing tengah utawa wiwitan gatra.
Tuladha ;
Nuladha laku uta                     ma  =  anung swara
Nuladha laku utama                        = andhah swara
  1. Pedhotan
Pedhotan yaiku asone napas nalika nembangaake macapat, bisa mapan ana ing saben wanda ana ing tembung kang diarani pedhotan kendho, uga bisa ing pungkasane wanda kang diarani pedhotan kenceng
  1. Andhegan
Andhegan yaiku medhot anggone nembang, bedane yen pedhotan iku medhot ana ing tembung, manawa andhegan iku mandheging tembang ana pungkasaning ukara. Manawa mandhek ing pungkasaning ukara nanging tegese tembang during rampung diarani andhegan wantah ( medhot/mandheg ukara tekan koma). Andegan alit medhot ukara wus rampung tegese (titik) dene andhegan ageng yaiku mandhek ukara nanging tegese tembang sapada uwis rampung.
  1. Padhang ulihan
Andhegan wantah lumrah diarani padhang dene andhegan ageng lumrahe diarani ulihan.
  1. Wirama
Wirama ing sajronie nembang macapat kudu ajeg, tegese anggone nembangake macapat bebas lan mardika anggone miramakake waton jumbuh karo kaendahane, trep karo titi laras, pedhotan lan sapanunggalane
  1. Rerengggan Wirama
Babgan rerenggan wirama utawa olah wirama diperang dadi 6 yaiku ;
a.       Wilet         : variasi utawa kembangane ing babagan pangolahan cengkok
b.      Cengkok    : rerengkaning titilaras uga gaya lagune/tembangane
c.       Laras         : yaiku nadha utawa endhek dhuwur dawa lan cendhake swara kang jumbuh    karo titi larase
d.      Luk            : nglimput andhah swara lan anung swara
e.       Gregel       : variasi luk kang dicepetake (fibrasi)
f.       Sliring        : yaiku nyimpange swara saka laras (falsetto)

Kanggo siswa SMA/SMK/MA ngrembug babagan tembang Macapat kang ana sajroning Serat Wedhatama lan Serat Tripama. Serat Wedhatama awujud pupuh tembang Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, Kinanthi. Serat Tripama awujud tembang Dhandhanggula.
Serat Wedhatama lan Serat Tripama kaanggit dening K.G.P.A.A. Mangkunegara IV kang nduweni asma cilik R.M. Sudira. Lair wonten Surakarta, 3 Maret 1811 (Senin pahing, 8 Sapar 1738 tahun Jawa Jumadil Akir). Serat Wedhatama yaiku tulisan kang ngandhut ajaran/pitutur kang utama. Pitutur luhur kang ana sajroning serat Wedhatama bisa kanggo ngelingake lan pedhoman marang pamaca supaya tumindak kanthi becik lan luhur nudhuhake bangsa ing sisih wetan. Manawa Serat Tripama yaiku serat/tulisan kang ngandhut patuladhan telung paraga saka crita Ramayana kanthi lakon “Sumantri Ngenger”, “Kumbakarna Gugur”, lan crita Mahabharata “Adhipati Karna Gugur”.
a.       Patih Suwanda utawa Sumantri sanajan dadi abdi nanging pinter lan bisa gawe sugih negarane lan nurut marang rajane (bekti lan setya marang nagarane, ngenger marang Prabu Arjuna Sasrabahu).
b.      Kumbakarna nduweni sipat nasionalisme kang wani ngetohake jiwa lan ragane kanggo mbelani negarane. Kumbakarna mbelani Ngalengka saka pangamuke wadyabala Ramawijaya.
c.       Adhipati Karna yaiku punjere perang Bharatayudha. Sanajan piyambake ngerti manawa Pandhawa iku sedulure, nanging Karna tetep mbelani negarane Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disetyani.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar