SERAT
WEDHATAMA
PUPUH PANGKUR
Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kretarta pakartining ngelmu
luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa,
Agama ageming aji.
|
Nyingkiri hawa nepsu
Manawa seneng muruki/ngajari putra
Karonce endahing tembang
Dibeber/diurmti
Supaya mangerteni panguripan iku
ngelmu luhur
Kang ana ing tanah Jawa
(nuswantara)
agama dadi “busanane” panguripan.
|
Mingkar-mingkur: nyingkiri
Siwi: anak
Resmi: endah
Mrih: supaya
Sinuba: diurmati
|
Jinejer neng Wedatama
Mrih tan kemba kembenganing
pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa,
yekti sepi asepa lir sepah samun,
Samangsane pasamuan
Gonyak ganyuk nglilingsemi.
|
Kajejer ing serat Wedhatama,
Supaya ora males golek ngelmu
Nadyan wis tuwa pikun
Yen ora mangerteni rasa
Sejatine sepi/ora guna kaya ampas
samar/sia-sia
Wanci pakumpulan
Tumindake sekarepe dhewe
ngisin-ngisini
|
Mrih: supaya
Tan: ora
Kemba: males/sepa
Pasamuan: pakumpulan
Gonyak ganyuk: sekarepe dhewe
Nglilingsemi: ngisin-ngisini
|
Nggugu karsaning priyangga,
Nora nganggo peparah lamun
angling,
Lumuh ingaran balilu,
Uger guru aleman,
Nanging janma ingkang wus
waspadeng semu
Sinamun ing samudana,
Sesadon ingadu manis
|
Nuruti kekarepane awake dhewe
Nora nganggo aturan manawa ngucap
Males kaaran kesed/bodho
Amung seneng disubya-subya
Nanging wong kang wis nduweni
ngelmu sejati nora bisa ditonton kasap mata
Tetembungane semu/manis
Tansah tumindak kabecikan
|
Priyangga: awake dhewe/pribadyi
Peparah: aturan
Angling: pocapan
Lumuh: kesed
Balilu: bodho
|
Si pengung nora nglegawa,
Sangsayarda denira cacariwis,
Ngandhar-andhar angendhukur,
Kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkanganipun,
Si wasis waskitha ngalah,
Ngalingi marang si pingging.
|
Si bodho ora sadhar,
umuke sansaya ndadi,
ngelantur omongan kang ora-ora,
pangucapane ora klebu ing akal,
saya ora cetha ora ana selane.
Beda karo Si lantip prigel lan
ngalah,
nutupi aib si bodho.
|
Si penggung: si bodho
Cacariwis: criwis
Kandhane: pangucapane
Kaprah: salah
Waskitha: pinter, prigel,
wicaksana
|
Mangkono ngelmu kang nyata,
Sanyatane mung weh reseping ati,
Bungah ingaran cubluk,
Sukeng tyas yen denina,
Nora kaya si punggung
anggung gumrunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip.
|
Demikianlah ilmu yang nyata,
Senyatanya memberikan ketentraman
hati,
Tidak merana dibilang bodoh,
Tetap gembira jika dihina
Tidak seperti si dungu yang selalu
sombong,
Ingin dipuji setiap hari.
Janganlah begitu caranya orang
hidup.
|
Weh: aweh, weweh, menehi
Reseping: tentrem
Cubluk: bodho
Sukeng: suka + ing
|
Urip sepisan rusak,
Nora mulur nalare ting saluwir,
Kadi ta guwa kang sirung,
Sinerang ing maruta,
Gumarenggeng anggereng
Anggung gumrunggung,
Pindha padhane si mudha,
Prandene paksa kumaki.
|
Hidup sekali saja berantakan,
Tidak berkembang, pola pikirnya
carut marut.
Umpama goa gelap menyeramkan,
Dihembus angin,
Suaranya gemuruh menggeram,
berdengung
Seperti halnya watak anak muda
masih pula berlagak congkak
|
|
Kikisane mung sapala,
Palayune ngendelken yayah wibi,
Bangkit tur bangsaning luhur,
Lha iya ingkang rama,
Balik sira sarawungan bae durung
Mring atining tata krama,
Nggon anggon agama suci.
|
Tujuan hidupnya begitu rendah,
Maunya mengandalkan orang tuanya,
Yang terpandang serta bangsawan
Itu kan ayahmu !
Sedangkan kamu kenal saja belum,
akan hakikatnya tata krama
dalam ajaran yang suci
|
|
Socaning jiwangganira,
Jer katara lamun pocapan pasthi,
Lumuh asor kudu unggul,
Semengah sesongaran,
Yen mangkono keno ingaran
katungkul,
Karem ing reh kaprawiran,
Nora enak iku kaki.
|
Cerminan dari dalam jiwa raga mu,
Nampak jelas walau tutur kata
halus,
Sifat pantang kalah maunya
menang sendiri
Sombong besar mulut
Bila demikian itu, disebut orang
yang terlena
Puas diri berlagak tinggi
Tidak baik itu nak !
|
|
Kekerane ngelmu karang,
Kekarangan saking bangsaning gaib,
Iku boreh paminipun,
Tan rumasuk ing jasad,
Amung aneng sajabaning daging
kulup,
Yen kapengok pancabaya,
Ubayane mbalenjani.
|
Di dalam ilmu yang dikarang-karang
(sihir/rekayasa)
Rekayasa dari hal-hal gaib
Itu umpama bedak.
Tidak meresap ke dalam jasad,
Hanya ada di kulitnya saja nak
Bila terbentur marabahaya,
bisanya menghindari.
|
|
Marma ing sabisa-bisa,
Bebasane muriha tyas basuki,
Puruita-a kang patut,
Lan traping angganira,
Ana uga angger ugering kaprabun,
Abon aboning panembah,
Kang kambah ing siyang ratri.
|
Karena itu sebisa-bisanya,
Upayakan selalu berhati baik
Bergurulah secara tepat
Yang sesuai dengan dirimu
Ada juga peraturan dan pedoman
bernegara,
Menjadi syarat bagi yang berbakti,
yang berlaku siang malam.
|
|
Iku kaki takok-eno,
marang para sarjana kang martapi
Mring tapaking tepa tulus,
Kawawa nahen hawa,
Wruhanira mungguh sanyataning
ngelmu
Tan mesthi neng janma wredha
Tuwin mudha sudra kaki.
|
Itulah nak, tanyakan
Kepada para sarjana yang menimba
ilmu
Kepada jejak hidup para suri
tauladan yang benar,
dapat menahan hawa nafsu
Pengetahuanmu adalah senyatanya
ilmu,
Yang tidak harus dikuasai orang tua,
Bisa juga bagi yang muda atau miskin, nak !
|
|
Sapantuk wahyuning Gusti Allah,
Gya dumilah mangulah ngelmu
bangkit,
Bangkit mikat reh mangukut,
Kukutaning jiwangga,
Yen mengkono kena sinebut wong
sepuh,
Lire sepuh sepi hawa,
Awas roroning atunggil
|
Siapapun yang menerima wahyu
Tuhan,
Dengan cermat mencerna ilmu
tinggi,
Mampu menguasai ilmu kasampurnan,
Kesempurnaan jiwa raga,
Bila demikian pantas disebut “orang
tua”.
Arti “orang tua” adalah tidak dikuasai hawa nafsu
Paham akan dwi tunggal (menyatunya
sukma dengan Tuhan)
|
|
Tan samar pamoring sukma,
Sinuksmaya winahya ing ngasepi,
Sinimpen telenging kalbu,
Pambukaning warana,
Tarlen saking liyep layaping
aluyup,
Pindha pesating sumpena,
Sumusuping rasa jati.
|
Tidak
lah samar sukma menyatu
meresap
terpatri dalam keheningan semadi,
Diendapkan
dalam lubuk hati
menjadi
pembuka tabir,
berawal
dari keadaan antara sadar dan tiada
Seperti
terlepasnya mimpi
Merasuknya
rasa yang sejati.
|
|
Sejatine kang mangkana,
Wus kakenan nugrahaning Hyang
Widhi,
Bali alaming ngasuwung,
Tan karem arameyan,
Ingkang sipat wisesa winisesa wus,
Mulih mula ulanira. Mulane wong anom sami.
|
Sebenarnya ke-ada-an itu merupakan
anugrah Tuhan,
Kembali ke alam yang mengosongkan,
tidak mengumbar nafsu duniawi,
yang bersifat kuasa menguasai.
Kembali ke asal muasalmu
Oleh karena itu,
wahai anak muda sekalian…
|
Terima kasih :)
BalasHapusGelud Yok :v
BalasHapusBanyak kesalahan hmmm
BalasHapusTerimakasih kawan
BalasHapusMakasi
BalasHapusMatur nuwun🙏
BalasHapusMatur nuwun
BalasHapusMaturnuwun bu yuni :*
BalasHapusSusun,,tpi ko segitu doang🙏
BalasHapusMakasih dah bisa garap tugas yeyeyeyey
BalasHapusMatur nuwun 🙏
BalasHapusNub lah
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus