Rabu, 07 September 2016

TEMBANG DHANDHANGGULA SERAT TRIPAMA



Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula

  • Serat Tripama anggitane swargi : Kngjeng Gusti Pangeran Adipati Arya ( KGPAA ) Mangkunegara IV
  • Wondene (sedangkan) Serat Tripama iku wujude mung tipis banget, mung saka sapupuh yaiku Dhandhanggula lan dumadi saka 7 pada ( Katrangan : Pupuh yaiku rangkaian tembang kang padha nganti pirang-pirang pada / bait )
  • Tembang Dhandhanggula kalebu tembang macapat amarga nduweni paugeran / aturan yaiku kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu
  • Sasmita tembang Dhandhanggula : Sarkara, manis, madu, (h)artati, dhandhang, guladrawa, lsp ( Katrangan : Sasmita tembang yaiku unen-unen / tetembungan sing kanggo menehi tandha utawa pralambang jenenge tembang )
  • Watak tembang Dhandhanggula : luwes, supel, manis, resep ( seneng ), nyenengake
  • Tegese ( arti ) Tembang Dhandhanggula : tembang kang nggambarake manungsa kang lagi ngrasakake nikmating urip, bebasan legining gula, nggambarake umur kang wis diwasa, wiwit bisa ngatur kabutuhane urip, lan seneng nyambut gawe bebarengan
  • Isi Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula yaiku pepeling kang diandharake lumantar pralambang lakon pewayangan minangka tuladha ( Katrangan : Ana 3 lakon sing dadi tuladha yaiku Bambang Sumantri / Patih Suwanda saka Epos Arjuna Sasrabahu, Kumbakarna saka Epos Ramayana, lan Adipati Karna / Basukarna/ Suryaputra saka Epos Mahabharata )
  • Intine, Serat Tripama Pupuh Dhandhanggula isine yaiku : Pepeling supaya para prajurit prayogane niru sipat ksatria, lelabuhan / pangurbanan marang nagara.

1.
Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa samya anuladha,
kadya nguni caritane,
andelira sang Prabu,
Sasrabau ing Maespati,
aran Patih Suwanda,
lalabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purune kang den antepi,
nuhoni trah utama.
(Yogyane (becike) para prajurit, kabeh bisa niru (nyonto) kaya dongengan jaman kuna, andel-andele sang Prabu Sasrabau ing negara Maespati, sing asmane Patih Suwanda. Lelabuhane (jasa) kang diantepi dening patih Suwanda marang negara digelung (diringkes, dipadukan) dadi siji yaiku: guna, kaya, purun, nuhoni (ngantepi) trahing wong utama.
2.
Lire lalabuhan tri prakawis,
guna bisa saneskareng karya,
binudi dadi unggule,
kaya sayektinipun,
duk bantu prang Manggada nagri,
amboyong putri domas,
katur ratunipun,
purune sampun tetela,
aprang tandhing lan ditya Ngalengka aji,
Suwanda mati ngrana.
(Tegese lelabuhan telung prakara yaiku : 1. guna, bisa mrantasi gawe supaya dadi unggul, 2. kaya : nalika paprangan negara Manggada, bisa mboyong putri dhomas, diaturake marang ratu, 3. purun : kekendale wis nyata nalika perang tandhing karo Dasamuka, ratu negara Ngalengka, patih Suwanda gugur ing madyaning paprangan.)
3.
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku warna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
(Ana maneh conto sing prayoga (becik) yaiku satriya agung ing negara Ngalengka sing asmane Kumbakarna. Sanadyan wujude buta, parandene kepengin nggayuh kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka dheweke nduwe atur marang ingkang raka supaya Ngalengka tetep slamet (raharja). Dasamuka ora nggugu guneme Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala kethek.)
4.
Kumbakarna kinen mangsah jurit,
mring kang raka sira tan lenggana,
nglungguhi kasatriyane,
ing tekad datan purun,
amung cipta labuh nagari,
lan nolih yayah rena,
myang leluhuripun,
wus mukti aneng Ngalengka,
mangke arsa rinusak ing bala kapi,
punagi mati ngrana.
(Kumbakarna didhawuhi maju perang, ora mbantah jalaran nglungguhi (netepi) watak satriyane. Tekade ora gelem, mung mikir labuh negara, lan ngelingi bapak ibune sarta leluhure, sing wis mukti ana ing Ngalengka, saiki arep dirusak bala kethek. Luwih becik gugur ing paprangan.)
5.
Yogya malih kinarya palupi,
Suryaputra Narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul-agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Korawa.
(Ana maneh sing kena digawe patuladhan yaiku R. Suryaputra ratu ing negara Ngawangga. Karo Pandhawa isih sadulur seje bapa tunggal ibu. R. Suryaputra suwita marang Prabu Kurupati ing negara Ngastina. Didadekake manggalaning (panglima ) prajurit Ngastina nalika ing perang Bratayuda.)
6.
Minungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga dennya arsa males-sih,
ira sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
dennya ngetog kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.
(Dimungsuhake karo sedulure dhewe, yaiku R. Arjuna (Dananjaya). Prabu Karna seneng banget atine jalaran oelh dalan kanggo males kabecikane Prabu Duryudana. Mulane banget anggone ngetog kasudiran (kekendelan). Wusanane Karna gugur kena panah. Kondhang minangka prajurit kang utama).
7.
Katri mangka sudarsaneng Jawi,
pantes lamun sagung pra prawira,
amirita sakadare,
ing lalabuhanipun,
aja kongsi mbuwang palupi,
manawa tibeng nistha,
ina esthinipun,
sanadyan tekading buta,
tan prabeda budi panduming dumadi,
marsudi ing kotaman.
(Conto telu-telune mau minangka patuladhan tanah Jawa. Becik (pantes) yen sakabehe para perwira nuladha sakadare (sakuwasane). Aja nganti mbuwang conto, jalaran yen tibaning apes dadi ina. Sanadyan tekade buta, ora beda kalawan titah liya, nggolek kautaman.)
Tegese tembung :
yogyanira = becike, sebaiknya.
prajurit = bala, tantra, saradhadhu, bala koswa, tentara.
kadya = lir, pindha, kaya, seperti.
nguni = jaman biyen, dahulu kala.
andelira = andel-andele , andalan.
lelabuhanipun = jasane, jasa.
ginelung = diringkes, dipadukan.
guna = kapinteran, kepandaian.
kaya = bandha donya, kekayaan.
purun = wani, gelem, keberanian.
nuhoni = netepi, menepati.
trah = turun, tedhak, keturunan
utama = becik, apik, terbaik.
lir = kaya, teges, makna, arti.
saneskareng = saneskara + ing = samubarang, sakabehe, sembarang.
karya = gawe, kardi, pekerjaan.
binudi = budi + in = diupayakake, diusahakan.
sayekti = sayektos, temene, sesungguhnya.
duk = nalika, ketika.
dhomas = 800. samas = 400.
tetela = cetha, terang, jelas.
aprang tandhing = perang ijen lawan ijen, perang satu lawan satu.
ditya = buta, raseksa, diyu, wil, danawa, raksasa.
ngrana = ing paprangan, palagan, pabaratan, medan perang.
suprandene = parandene, sanajan mangkono, walaupun demikian.
darbe = duwe, mempunyai.
raka = kakang, kakak.
raharja = slamet, wilujeng, rahayu, rahajeng, selamat, sejahtera.
de mung = dene mung , jalaran mung, hanya karena.
wanara = kethek, kapi, rewanda, kera.
kinen = ken + in = dikongkon, diutus, diperintah.
mangsah jurit = maju perang, menuju ke medan laga.
sira = dheweke, piyambakipun, panjenenganipun, dia.
lenggana = nolak, mbantah, menolak.
datan = tan, ora, tidak.
labuh = berjuang.
yayah rena = bapak ibu, ayah dan ibu.
myang = lan, dan
arsa = arep, ayun, apti, akan.
punagi = sumpah.
palupi = conto, sudarsana, tuladha, contoh.
narpati = ratu, raja, katong, narapati, naradipati, narendra, raja.
kadang = sedulur, saudara.
suwita = ngabdi, menghamba.
kinarya = karya + in = digawe, dipakai.
agul-agul = andel-andel, andalan.
manggala = panglima
senapati = pangedhene prajurit, pemimpin perang, panglima perang.
manahe = atine, hatinya.
pikantuk = oleh, mendapat.
marmanta = marma + anta = sebabe, sebabnya.
kasudiran = kekendelan, kasekten, kesaktian.
jinemparing = jemparing + in = dipanah.
sumbaga = kondhang, kaloka, kajanapriya, terkenal.
wirotama = wira + utama = prajurit pinunjul, prajurit yang hebat.
katri = katelu, ketiga.
sudarsaneng = sudarsana + ing = conto.
amirita = nirua, ikutilah.
kongsi = nganti, sampai.
dumadi = titah, makhluk.
marsudi = ngupaya, nggoleki, berusaha.
kotaman = ka+ utama+ an = keutamaan.


TEMBANG KINANTHI SERAT WEDHATAMA




Mangka kanthining tumuwuh,
Salami mung awas eling,
Eling lukitaning alam,
Dadi wiryaning dumadi,
Supadi nir ing sangsaya,
Yeku pangreksaning urip.
Padahal bekal hidup,
selamanya waspada dan ingat,
Ingat akan pertanda yang ada
di alam ini,
Menjadi kekuatannya asal-usul, supaya lepas dari sengsara.
Begitulah memelihara hidup.
Marma den taberi kulup,
Angulah lantiping ati,
Rina wengi den anedya,
Pandak panduking pambudi,
Bengkas kahardaning driya,
Supaya dadya utami.`
Maka rajinlah anak-anakku,
Belajar menajamkan hati,
Siang malam berusaha,
merasuk ke dalam sanubari,
melenyapkan nafsu pribadi,
Agar menjadi (manusia) utama.
Pangasahe sepi samun,
Aywa esah ing salami,
Samangsa wis kawistara,
Lalandhepe mingis mingis,
Pasah wukir reksamuka,
Kekes srabedaning budi.
Mengasahnya di alam sepi (semedi),
Jangan berhenti selamanya,
Apabila sudah kelihatan,
tajamnya luar biasa,
mampu mengiris gunung penghalang,
Lenyap semua penghalang budi.
Dene awas tegesipun,
Weruh warananing urip,
Miwah wisesaning tunggal,
Kang atunggil rina wengi,
Kang mukitan ing sakarsa,
Gumelar ngalam sakalir.
Awas itu artinya,
tahu penghalang kehidupan,
serta kekuasaan yang tunggal,
yang bersatu siang malam,
Yang mengabulkan segala kehendak,
terhampar alam semesta.
Aywa sembrana ing kalbu,
Wawasen wuwus sireki,
Ing kono yekti karasa,
Dudu ucape pribadi,
Marma den sembadeng sedya,
Wewesen praptaning uwis.
Hati jangan lengah,
Waspadailah kata-katamu,
Di situ tentu terasa,
bukan ucapan pribadi,
Maka tanggungjawablah,
 perhatikan semuanya sampai  tuntas.
Sirnakna semanging kalbu,
Den waspada ing pangeksi,
Yeku dalaning kasidan,
Sinuda saka sethithik,
Pamothahing nafsu hawa,
Linalantih mamrih titih.
Sirnakan keraguan hati,
waspadalah terhadap pandanganmu,
Itulah caranya berhasil,
Kurangilah sedikit demi sedikit
godaan hawa nafsu,
Latihlah agar terlatih.
Aywa mematuh nalutuh,
Tanpa tuwas tanpa kasil,
Kasalibuk ing srabeda,
Marma dipun ngati-ati,
Urip keh rencananira,
Sambekala den kaliling.
Jangan terbiasa berbuat aib,
Tiada guna tiada hasil,
terjerat oleh aral,
Maka berhati-hatilah,
Hidup ini banyak rintangan,
Godaan harus dicermati.
Umpamane wong lumaku,
Marga gawat den liwati,
Lamun kurang ing pangarah,
Sayekti karendhet ing ri.
Apese kasandhung padhas,
Babak bundhas anemahi.
Seumpama orang berjalan,
Jalan berbahaya dilalui,
Apabila kurang perhitungan,
Tentulah tertusuk duri,
celakanya terantuk batu,
Akhirnya penuh luka.
Lumrah bae yen kadyeku,
Atetamba yen wus bucik,
Duweya kawruh sabodhag,
Yen tan nartani ing kapti,
Dadi kawruhe kinarya,
Ngupaya kasil lan melik.
Lumrahnya jika seperti itu,
Berobat setelah terluka,
Biarpun punya ilmu segudang,
bila tak sesuai tujuannya,
ilmunya hanya dipakai
mencari nafkah dan pamrih.
Meloke yen arsa muluk,
Muluk ujare lir wali,
Wola wali nora nyata,
Anggepe pandhita luwih,
Kaluwihane tan ana,
Kabeh tandha tandha sepi.
Baru kelihatan jika keinginannya muluk-muluk,
Muluk-muluk bicaranya seperti wali,
Berkali-kali tak terbukti,
merasa diri pandita istimewa,
Kelebihannya tak ada,
Semua bukti sepi.
Kawruhe mung ana wuwus,
Wuwuse gumaib gaib,
Kasliring thithik tan kena,
Mancereng alise gathik,
Apa pandhita antiga,
Kang mangkono iku kaki,
Ilmunya sebatas mulut,
Kata-katanya di gaib-gaibkan,
Dibantah sedikit saja tidak mau,
mata membelalak alisnya menjadi satu,
Apakah seperti pandita palsu,..
Apakah seperti itu anakku ?
Mangka ta kang aran laku,
Lakune ngelmu sejati,
Tan dahwen pati openan,
Tan panasten nora jail,
Tan njurungi ing kahardan,
Amung eneng mamrih ening.
Padahal yang disebut “laku”,
sarat menjalankan ilmu sejati tidak suka omong kosong dan tidak suka memanfaatkan hal-hal sepele yang bukan haknya,
Tidak iri hati dan jail,
Tidak melampiaskan hawa nafsu.
Sebaliknya, bersikap tenang menggapai keheningan jiwa.
Kaunanging budi luhung,
Bangkit ajur ajer kaki,
Yen mangkono bakal cikal,
Thukul wijining utami,
Nadyan bener kawruhira,
Yen ana kang nyulayani.
Luhurnya budipekerti,
pandai beradaptasi, anakku !
Demikian itulah awal mula,
tumbuhnya benih keutamaan,
Walaupun benar ilmumu,
bila ada yang mempersoalkan..
Tur kang nyulayani iku,
Wus wruh yen kawruhe nempil,
Nanging laire angalah,
Katingala angemori,
Mung ngenaki tyasing liyan,
Aywa esak aywa serik.
Walau orang yang mempersoalkan itu,
sudah diketahui ilmunya dangkal,
tetapi secara lahir kita mengalah,
berkesanlah persuasif,
sekedar menggembirakan hati orang lain.
Jangan sakit hati dan dendam.
Yeku ilapating wahyu,
Yen yuwana ing salami,
Marga wimbuh ing nugraha,
Saking heb Kang mahasuci,
Cinancang pucuking cipta,
Nora ucul ucul kaki.
Begitulah sarat turunnya wahyu,
Bila teguh selamanya,
dapat bertambah anugrahnya,
dari sabda Tuhan Mahasuci,
terikat di ujung cipta,
tiada terlepas-lepas anakku.
Mangkono ingkang tinamtu,
Tampa nugrahaning Widhi,
Marma ta kulup den bisa,
Mbusuki ujaring janmi,

Pakoleh lair batinnya,
Iyeku budi premati.
Begitulah yang digariskan,
Untuk mendapat anugrah Tuhan.
Maka dari itu anakku,
sebisanya, kalian pura-pura menjadi orang bodoh terhadap perkataan orang lain,
nyaman lahir batinnya,
yakni budi yang baik.
Pantes tinulat tinurut,
Laladane mrih utami,
Utama kembanging mulya,
Kamulyan jiwa dhiri,
Ora ta yen ngeplekana,
Lir leluhur nguni-uni.
Pantas menjadi suri tauladan yang ditiru,
Tauladan yang utama
Wahana agar hidup mulia,
kemuliaan jiwa raga.
Walaupun tidak persis,
seperti nenek moyang dahulu.
Ananging ta kudu kudu,
Sakadarira pribadi,
Aywa tinggal tutuladan,
Lamun tan mangkono kaki,
Yekti tuna ing tumitah,
Poma kaestokna kaki.
Tetapi harus giat berupaya,
 sesuai kemampuan diri,
Jangan melupakan suri tauladan,
Bila tak berbuat demikian itu anakku,
pasti merugi sebagai manusia.
Maka lakukanlah anakku !