Wayang
Saka
Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
e-wayang
kang tinatah lan sinungging mawa media digital
Wayang
dumadi saking tembung wod "yang/hyang" angsal ater-ater wa-.
Tegesipun roh ingkang saged damel beja cilakanipun manungsa. Wayang punika
wewayangan utawi gegambaran watak lan jiwanipun manungsa. Wayang mujudaken
pangéjawantahan pribadi manungsa. Wayang punika pagelaran nganggo bonéka
ingkang umumipun katon éndah ing wewayangané lan dipunlampahaken déning dhalang
kanthi iringan gamelan. Bonéka kasebat saged ingkang awujud 2 dhimènsi utawa
wujudé 3 dhimènsi. Ingkang wujud 2 dhimènsi umumipun dipundamel saking kulit
(walulang), ingkang asring kulit sapi, utawi wedhus. Déné ingkang awujud 3
dhimènsi, lumrah dipundamel saking kayu ingkang dipunrenggani panganggo saking
kain ingkang manéka warni adhedhasar karakter wayang kasebat. Ananging ing
sawatara tlatah, ugi wonten ingkang dipundamel saking suket lan kerdhus,
ananging wayang jinis makaten boten radi kathah dipuntemoni. Manut ing
kemajuanipun jaman, sampun tinatah lan sinungging wayang kanthi ngginakaken
média digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wayang kang tinatah lan
sinungging kanthi média digital kasebat e-wayang.
Cariyos
ingkang dipunlampahaken dipunpundhut saking épos Mahabharata kaliyan Ramayana
ingkang ugi dipunsebat Wayang Purwa. Ugi wonten ingkang nanggap lakon
cariyos-cariyos 1001 dalu saking tlatah Arab. Wayang ingkang kados makaten
diwastani Wayang Menak. Pagelaran punika misuwur ing tlatah Jawa.
Sajroning
pagelaran punika wayang ditancepaken ing debog (wit gedhang) ing sisih tengen
lan kiwanipun dhalang. Ing tengah, caritané digelar. Sedinten sedalu lakon
dipunwedhar.
Wayang
punika boten namung sumebar ing Jawa kemawon, ananging ugi ing tlatah sanès ing
Nuswantara. Pagelaran wayang sampun dipunakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dados karya kabudayan ingkang
èdi pèni ing babagan cariyos dongèng lan warisan ingkang berharga sanget (Masterpiece
of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwalikipun, UNESCO nyuwun
supados Indonésia njagi (preserve) warisan punika.[1].
Sajarah
Para
ahli dèrèng wonten ingkang saged masthèkaké kapan wayang wiwit wonten ing Indonésia.
Ananging yèn mirsani prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wayang kinten-kinten
sampun wonten sadèrèngipun agama Hindu mlebet. Rikala samanten lakon wayang
dèrèng nganggé cariyos-cariyos ingkang dipunpundhut saking India. Pagelaran
punika dipunanggé sarana nyembah marang roh leluhur.
Sawetara
anggitan sastra jaman Mataram énggal kathah ingkang nyerat prakawis sajarah
wayang. Ananging, para ahli sajarah boten sarujuk marang menapa ingkang
dipunserat wonten mriku amargi boten cocog marang cathetan lan tinggalan
sajarah ingkang sampun wonten.
Prasasti
paling kino wonten ing abad kaping IV Masèhi. Prasasti ngandhut ukara mawayang
kanggé pagelaran pahargyan sima utawi bumi perdhikan. Katrangan ingkang
langkung trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masèhi. Wonten ngriku
dipunserat si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara.
Tegesipun kinten-kinten: Si Galigi ndhalang kanggé Hyang kanthi lakon Bimma
Sang Kumara."
Agama
Hindu ingkang mlebet ing Nusantara damel cariyos wayang bènten kaliyan
aslinipun. Cariyos Ramayana lan Mahabharata wiwit dipunanggé kanggé dakwah
agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), kathah cariyos saking
India ingkang mlebet lan dipundamel gagrag jawanipun. Wayang wiwit nyebar ing
pundi-pundi rikala Majapahit nguwasani Nuswantara.
Cariyos-cariyos
ingkang aslinipun saking India punika pungkasanipun sampun gèsèh kaliyan
sadèrèngipun. Para pujangga Jawa damel cariyos piyambak kangge mepaki menapa
ingkang sampun wonten. Ing pedhalangan, cariyos-cariyos punika dipunsebat lakon
carangan.
Rikala
jaman Islam mlebet, Walisanga ugi nganggé wayang ing panyebaranipun. Ing jaman
punika wiwit wonten Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah kathah ngepasi Mataram
anyar. Walanda ingkang digdaya damel Kraton Surakarta ngracik kathah cariyos
wayang kanggé nglelipur manah.
Indonésia
mardika ugi nyumbang gagrag wayang ingkang manéka warni. Manéka warni wayang
wau wonten ingkang tetep dipungelar ugi wonten ingkang namung gesang ing
jamanipun piyambak. Wayang ingkang paling kathah dipunanggé inggih punika
wayang kulit purwa.
Wayang
Bali
Sebutanipun Wayang
Menawi
dipunpundhut saking ukaranipun, wayang punika saking wewayangan, amargi
pagelaranipun wonten ing wekdal wengi lan nganggé lampu. Ananging katrangan
punika sampun boten saged dipunugemi malih. Wayang dados boten mligi bonéka
ingkang wonten wewayangané. Wayang golèk ingkang dipundamel saking kayu boten
ngandhelaké wewayangan. Ukara wayang sampun dados pagelaran bonéka
ingkang dipungelar déning dhalang.
Umumipun,
sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wayang punika
dipundamel saking tatahan kulit kéwan kanthi lakon saking Mahabharata lan
Ramayana.
Manéka Warni Wayang
Wayang ing tanah Jawa
- Wayang Bèbèr inggih punika wayang ingkang dipundamel saking kain utawi kulit lembu ingkang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran punika nggambaraken satunggal adegan cariyos. Menawi sampun rampung dipunlakonaken, bèbèrane dipungulung malih. Wayang punika dipundamel jaman krajan Majapait. Wayang punika pinangka saking Pacitan lan Gunung Kidul.[2] Wayang punika dipundamel kanthi kuwat ing bab rong dimensinipun kanthi seni lukis ing kanvas.[2] Tiyang-tiyang ingkang nglestarèkaken wayang punika inggih punika: Musyafiq kanthi damel wayang bèbèr ingkang narasinipun paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi langkung nyiptakaken figur wayang ingkang corakipun dhekoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto damel wayang bèbèr kanthi saking awujud wayang purwa lajeng dipunabstraksi saking rèalitas gesangipun manungsa ing saben dintenipun.[2]
- Wayang Kulit
- Wayang klithik
- Wayang Golèk ugi kathah tiyang ingkang mastani wayang tengul. Wayang punika dipundamel saking kayu lan dipunrasuki kados manungsa. Sumbering cariyos dipunpundhut saking sajarah kadosta cariyos Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp. Cariyos wayang punika ugi saged dipunpundhut saking dongèng nagari Arab. Menawi péntas ingkang dados ciri khasipun wayang golék inggih punika boten nganggé kelir utawi layar kadosta wayang kulit.
- Wayang Gedhog: Wayang punika wujudipun mèh sami wayang kulit. Ingkang dipundamel kirang langkung warsa 1400-an. Sumbèripun cariyos saking cariyos ratu ing Jawa, ing antaranipun Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang punika namung saged dipuntemokaken wonten muséum.
- Wayang Menak inggih punika wayang saking kayu ingkang dipundamel persis (kawangun) tiyang.[3] Cariyosipun inggih punika babagan dakwah Islam kadosta: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.[3]
- Wayang Kancil: Wayang punika ugi dipunwastani wayang Dupara.[3] Wayang ingkang dipundamel saking lulang. Cariyosipun sèrinipun Kancil.[3]
- Wayang Wahyu: ugi kasebat wayang bibel punika dipunciptakaken déning Bruder Tèmothèos kanggé nyiaraken agama Kristen.
- Wayang Pancasila
- Wayang Sejati
- Wayang Jemblung: Wayang saking kayu ingkang dipundamel persis (kawangun) tiyang.[3] Wayang punika sumebar wonten ing laladan pesisir lor, Blora, lan Cepu. Cariyosipun babagan Cacad kados kethoprak.[3]
- Wayang wong: Wayang ingkang dipunparagaaken déning tiyang ingkang wonten tarinipun. Sumbering cariyos saking Ramayana lan Mahabarata. Paguyuban ingkang misuwur kanthi pagelaran wayang wong inggih punika Ngèsthi Pandawa (Semarang), Sriwedari (Surakarta).
- Wayang Sandosa
- Wayang Ukur
- Wayang Jawa
- Wayang Topèng
- Wayang Potèhi: Wayang ingkang awujud bonéka alit-alit.[3] Cariyosipun mangsa jaman Kraton Tar-tar utawi Babad Cina.[3] Thio Tiong Giè inggih punika salah satunggaling dhalang wayang potèhi ing Semarang Tengah ingkang manggèn ing Désa Pesantrèn, Kelurahan Purwodinatan.[4] Panjenenganipun gadhah prinsip paribasan Cina Tiongkok ingkang dados semangatipun kanggé nglestarèaken Wayang potèhi punika: ”Tak ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.”[4] Menawi wayangan panjenenganipun ngginaaken Basa Indonésia kanggé basa pengantar, benten kaliyan para sesepuhipun ingkang rumiyin ngginaaken basa Cina.[4] Ciri khasipun panjenenganipun ugi asring ngginaaken tembang campursari.[4] Thio Tiong Gie sapunika sampun yuswa 76 taun, kathah prihatinipun mikiraken kabudayanipun ingkang namung dipunpirsani déning saglintir tiyang ingkang kalah tebih manawi dipunbandingaken kaliyan jaman rikala semanten.[4] Langka sanget ingkang kepéngin nyinaoni wayang punika, ingkang dados generasinipun namung satunggal kémawon tiyangipun inggih punika Oei Tjiang Hwat ingkang asring ngancani menawi wayangan.[4] Para niyaganipun sami tebih sanget inggih punika saking Surabaya[4]
Panjenenganipun
maringi tuturan "Yèn ta diwènèhi panjang umuré nganti 100 taun, dhèwèké
bakal terus ndhalang, sabab ing njero wayangan kang lumrahé digawé dadi
panglipur lara iku ana ajaran-ajaran, pepéling-pepéling kang manfaati tumrap
uripé manungsa."[4]
- Wayang Révolusi
- Wayang Dongèng: Wayang Dhongèng punika dipundamel saking dluwang ingkang dipungambari wayang awujud kéwan-kéwan. Wayang punika nyariyosaken babagan donyanipun kéwan ingkang dados sarana reflèksi saking donyanipun manungsa. Wonten ing wayang punika dipunsarujuki boten wonten ingkang dados dhalang ingkang lumrahipun tunggal dados sadayanipun paraga wonten wayang, lajeng sinten kemawon saged dados dhalang, ingkang saged prasaja gunemanipun.
- Wayang Fabel