Senin, 07 November 2016

Deskripsi Omah Adat JOGLO



Teks Deskripsi
Tegese wujud tulisan kang nggambarake/ njlentrehake kanthi cetha lan kaprinci.
Teks deskripsi nduweni maksud manawa nggambarake objek kang sanyatane lan objektif (tanpa opini saka panulis).
Ancase supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake dening panulis.
Titenan teks deskripsi
         Nggambarake sawijining bab
         Anggone nggambarake bab dilakokake kanthi cara ngrangsang kabeh indra manungsa
         Bisa nggawe pamaca ngrasakake/ weruh dhewe.
         Njlentrehake objek kanthi cetha lan gamblang
         Pola pengembangan : spasial (urutan wektu) lan objektif (papan/posisi panulis)
Jinis Omah Adat Jawa Tengah



Perangan Joglo

Perangan
Papan lan Guna
Filosofi
Pendhapa/ teras
Sisih ngarep dhewe
Gunane kanggo nampa tamu
Tinarbuka: sing nduwe omah ora pilih-pilih anggone nampa tamu.
Anggone nampa tamu dibagekake kanthi apik
Wong jawa tansah mentingake kekadangan lan karukunan
Pringgitan
Sak-mburine pendhapa
Gunane kanggo nggelar wayang (ringgit)
Wong jawa tansah melu nguri-uri budaya Jawa
Dalem agung
Sak-mburine pringgitan
Gunane kanggo ruwang kluwarga (rembugan kluwarga)
Katutup: nudhuhake manawa anggone rerembugan aja nganti krungu liyan pramila tansah njaga kawibawane kluarga
Senthong
Sajroning dalem agung
Kanggo kamar, nyimpen pusaka, lan ngibadah
Tansah eling marang Gusti, ngrumat barang kang wigati lan nguri-uri budaya (pusaka)
Pawon/gandhog
Sisih mburi dhewe
Kanggo masak lan reresik dhiri
Nutupi babagan kang siningit  lan ora dipamer~pamerake mulane panggone mburi dhewe