Kamis, 25 Agustus 2016

Kawruh Kagunan Basa


KAWRUH KAGUNAN BASA

Jinis
Tegese
Tuladhane
tembung saroja
tembung kang dumadi saka rong tembung kang duweni teges padha digunakake bebarengan

sato kewan, adi luhung, salang tunjang, edi peni, jalma manungsa
tembung garba
tembung camboran kang sambungane awujud wanda menga lan wanda aksara swara. Tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh dadi wanda anyar

a + a = a  ( kusuma + astuti à kusumastuti
a + I = e ( teka + ing à tekeng)
a + e = e ( Ira + iku ( Ireku)
I + a (I,e, o, u) = y
( sami + oncat à samyoncat)
U + a (I,e,o,u ) = w
( tumuju + ing à tumujwing)

tembung plutan
tembung kang diilangi wandane ananging ora ngowahi teges
amrih à mrih
suwara à swara
sari à sri

Wancahan
Diwancah tegese ditugel, dicekak, utawa dikurangi.
Tembung wancahan yaiku tembung kang ditugel, dicekak, utawa dikurangi.

Menika = nika
Uwis = wis
Bapak = pak
Uluran
Diulur tegesipun dipanjangaken utawa dipuntambah.
Tembung uluran inggih menika  tembung ingkang dipuntambahi  wandanipun, limrahipun aksara swara

Nangis = anangis
Ngimbu = ingimbu
Nggayuh = anggayuh
Dasanama
Dasanama inggih menika jeneng/nama/aran ingkang anggadhahi teges ingkang sami utawi meh sami tegesipun ingkang cacahipun kirang langkungipun sedasa tembung/kathah.

Anak: siwi, putra, suta, sunu
Wong: janma, jalma, manungsa
Turu: tilem, sare, nendra
Baliswara
Rangkening tembung ingkang nyebal saking aturanipun. Utawi rerangkening tembung ingkang kuwalik /dipunwalik urutanipun.

Anoman malumpat sampun
Kudune: anoman sampun malumpat
Yogyaswara
Yogyaswara inggih menika tembung kalih ingkang meh sami pangucapanipun namung benten wanda pungkasan ingkang nggadahi teges jaler lan estri

Dewa dewi
Putra putri
Siswa siswi
Tembung Entar
Tembung entar inggih menika tembung ingkang tegesipun boten kados makna salugunipun (kata kiasan) utawi tembung ingkang boten kenging dipuntegesi sawantahipun.

Abang kupinge =  nesu
Jembar kawruhe = akeh ilmune
Adol ayu = ngendelake ayune



KASUSASTRAN JAWA
Bebasan
Tegesipun unen-unen ingkang ajeg pangginakanipun ngemu surasa pepindhan ingkang dipunpindhakake sipat / kahanan tiyangipun.

Wis kebak sundhukane (wis akeh kaluputane)
Emban cindhe emban siladan (pilih sih)
Diwenehi ati ngrogoh rempela (diwenehi kalonggaran, wasana njaluk kalonggaran maneh)
Saloka
Tegesipun unen-unen ingkang ajeg pangginakanipun ngemu surasa pepindhan ingkang dipunpindhakake tiyangipun.
Magepokan karo sing disemoni, disanepani utawa dipindhakake lumrahe saemper kaanane alam, kewan, utawa tetuwuhan.

Bathok bolu isi madu (pawongan kang asor/kawula cilik nanging sugih kapinteran)
Kebo mulih menyang kandhange (pawongan kang bali menyang asale)

Paribasan
Tegesipun unen-unen ingkang ajeg pangginakanipun tegesipun wantah boten ngemu surasa pepindhan.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah
Becik ketitik, ala ketara
Teteken tekun bakal tekan sedyane

Pepindhan
Tegesipun unen-unen ingkang ajeg pangginakanipun ngemu surasa pepadhan, irib-iriban, utawa emper-emperan.
Titenane: ana tembung pindha, kaya, lir, pendah, kadi, kadya, jajah.

Kaya jambe sinigar (kembar padha rupane)
Panase kaya mecah-mecahna gundhul (panas banget)

Candra
Tegesipun nggambar utawi amarna kaendahan/kaanan.

Drijine mucuk eri
Lakune macan luwe
Jogede merak kesimpar
Idepe tumengeng tawang
Tulisane mbata sarimbag


Unggah-ungguh Basa Jawa



Unggah-Ungguh Basa Jawa



Ngoko lugu
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
1.      Digunakake marang bocah padha bocah
2.      Wong tuwa marang wong enom/bocah.
3.      Wong enom marang wong sing luwih tuwa nanging wis akrab banget.
4.      Juragan marang bendarane (bawahane).
5.      Kabeh basane ngoko
6.      Wuwuhan kabeh awujud ngoko (dak-, ko-, di-, -ake).

Tuladha: Aku lagi tangi turu.
1.      Digunakake wong tuwa marang wong enom nanging luwih dhuwur drajade kanggo ngurmati utawa sewalike.
2.      Adhi marang kangmase.
3.      Basane awujud ngoko, krama, krama inggil, lan netral.
4.      Wuwuhan kabeh awujud ngoko.
5.      Kowo=> panjenengan.
6.      Lesan (predikat) dikramakne/krama inggil.

Tuladha: Panjenengan sida tindak menyang kantor ora?
1.  Digunakake wong enom marang wong sing luwih tuwa amarga wis akrab.
2.     Adhi marang kakange.
3.    Kadadean saka basa krama, madya, lan netral.
4.    Wuwuhan ora dikramakake.
5.      Kowe=>sampeyan
6.      Aku=> kula.

Tuladha: sampeyan napa empun nate kesah dhateng Semarang?
Ngga kang nagasarine disambi.
1.      Digunakake wong enom marang wong tuwa.
2.      Bawahan marang atasane.
3.      Wong kang lagi kenal.
4.      Basane awujud krama inggil, madya, lan netral.
5.      Wuwuhan kang digunakake kabeh dikramakake.
6.      Aku=> kula.
7.      Kowe=> panjenengan

Tuladha: Panjenengan badhe tindak pundi bapak?
Simbah sampun sare.