Selasa, 23 Agustus 2016

Pawarta





1.      Pangertosan Pawarta
Pawarta inggih menika informasi anyar utawa informasi ngenani sawijining prastawa kang dumadi, diwartakake lumantar awujud cetak, siaran, internet, utawa saka pirembugan marang wong liya utawa pamireng. Sawijining informasi kang karacik ing sajroning pawarta padatan ngandhut informasi kang wigati (penting).
Pawarta duwe titenan (ciri-ciri) yaiku:
1.      Tinemu ing akal (penalaran logis)
2.      Informasi pepak kang jumbuh kaliyan rumus 5W+1H
3.      Struktur basa trep
4.      Diksi trep ora ambigu
5.      Narik kawigaten
6.      Basa kang nengsemake
Pawarta ana kang awujud nonformal utawa non berita kang bisa ditegesi minangka informasi kang asipat panglipur, ananging ngandhut kawruh. Umpamane sawijining pengalaman, panemu, teknik-teknik kang paedah sajroning urip  padinan. Lajeng pawarta ingkang awujud berita (news), yaiku sawijining sajian utama ana ing mediya massa kajaba opini. Golekibahanpawartabanjurngrakitminangkasawijiningtugas-tugaspokokwartawanlanbagianredaksi ana ingpers (Media massa).
2.      Perangane Pawarta
Perangane pawarta ing antarane yaiku:
a.      Headline(judul/irah-irahan)
Headline Inggih menika irah-irahan kang gunane kanggo: (1) nggampangake pamaca ngreteni pawarta kang bakal diwaca, (2) nuduhake pawarta dianggep wigati kanthi werna-werna aksara utawa gambar.
b.      Deadline (batas wektu)
Ancas deadline yaiku nuduhake papan kadadeyan lan jeneng mediya massa, mula perangan iki nyebut jeneng media massa, papan, lan tanggal kadadeyan.
c.       Lead (teras pawarta)
Lead biyasane katulis ing wiwitan pawarta, ing paragraf kapisan. Bab iku tinulis amarga minangka perangan kang wigati saka pawarta, kang nemtokake saripati pawarta, lan nggambarake sakabehe pawarta.
d.      Bodylanguage (surasane pawarta, bahasa tubuh)
Surasane nyritakake prastawa kang diwartakake kanthi basa kang cekak, aos, lan cetha. Kanthi mangkono body language minangka pangembange pawarta.
3.      Unsur-unsur Pawarta
Unsur-unsur kang kudu ana ing pawarta yaiku 5W (what, where, when, why, who) + 1H (How)-(apa, ing ngendi, kapan, kenangapa, sapa, lan kepiye)
4.      Sipat Pawarta
a.      Aktual (anyar). Bab-bab kang anyar luwih becik tinimbang pawarta lawas.
b.    Jarak (adoh/cedhak). Pamaos luwih nggatekake tumrap prastawa kang dumadi ingg sakiwa tengene tinimbang pawarta saka papan liyan.
c.     Penting. Sawijining bab bakal dadi pawarta yen dianggep perangan kang penting amarga bisa ngendhaleni panguripan ing bebrayan agung.
d.      Akibat. Sawijining bab dadi pawarta yen ndadekake ngowah kahanan
e.       Congkrah/konflik. Pamaos luwih seneng nyetitekake pawarta kang surasane cecongkahan.
f.       Tintrim (ketegangan). Tuladhane: nalika nulungi wong ing kacilakan.
g.      Kemajuwane inovasi utawa owah-owahan teknologi. Pawarta kang kekinian luwih narik kawigaten pamaose.
h.   Emosi, sawenehe pawarta yen diwartakake bisa ndadekake nesu, susah, tangis, gela. Tuladha: nemokake bayi ing pawuhan.
i.        Humor, gawe sengsem, mesem, lan guyu.
5.      Teknik  nulis pawarta (tahap)
a.   Pengorganisasian/nglumpukake fakta utawa data. Data ing kene awujud wawancara (wawan rembug), kadadeyan langsung, utawa data-data tinulis.
b.      Nemtokake teras berita (lead)
c.   Milih tembung-tembung kang jumbuh karo pawarta, nggunakake alur kang runtut aja molak-malik utawa dienjah-enjah/dilompati supaya ora mbingungake pamiyarsane.
d.      Ngawiti nulis kanthi jenjem lan temenan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar