Selasa, 23 Agustus 2016

Omah Joglo



Teks Deskripsi Omah Joglo
Omah yaiku wewangunan sing sengaja digawe kanggo papan panggonan utawa papan padunungan. Omah iku diwangun jumbuh karo budaya lan adat istiadat kang diugemi dening masarakat lingkungane.
Omah iku klebu perangane kebutuhan sing baku banget, wujude omah iku kaya apa, gendhene sepira awit saka kahanan ora dadi perkara, sing baku wong urip iku mesthi mbutuhake omah kanggo papan padunungan. Wong sing ora duwe omah diarani wong sing ora dunung.
Wong gawe omah iku nganggo tetimbangan warna-warna supaya anggone gawe omah iku bisa prayoga, tetimbangan iku ing antarane :
-   Nduwe lemah kanggo papan ngedegake omah
-   Nduweni bahan kanggo ngedegake omah
-     Nduweni prabeya kang cukup
-     Pamilihing wektu kang prayoga

Pokok-pokok isi
Deskripsi yaiku sawijining wujud tulisan kang ana sesambungane karo pambudi dayane penulis kanggo menehi pepincren-peprincen saka sawijining objek (panggonan, manungsa, barang, lan sapanunggalane). Sajrone deskripsi penulis mindhahake kesan-kesane, mindhahake asile pengamatan lan rasa pangrasane marang para pamaca. Wacana iki njlentrehake sipat lan sakabehe peprincen wujud kang bisa ditemokake saka objek kasebut. Ancas kang pingin diwujudi dening panulis deskripsi yaiku ngripta daya khayal pamaca, kaya-kaya pamaca bisa nyawang objek kuwi mau kanthi wutuh lan cetha.
Cethane wacana deskripsi iku wacana kang nggambarake utawa njlentrehake kanthi cetha salah sawijining kahanan utawa obyek, lan kaya-kaya kang padha maca isa ngrasakake utawa ngreti kaya kang dicritakake.
Topik-topik kang bisa dikembangake dadi tulisan deskripsi yaiku :
-     Kahanan ruang, umpamane ruang sinauku, gerbong sepur kelas ekonomi, lan pos rondha ing desaku;
-     Kahanan barang, umpamane maneka warna kembang ing Taman Bunga Nusantara, wong-wong suku Dayak, lan sapanunggalane
-     Proses, umpamane proses nggawe klambi kebaya lan budhal menyang sekolah.

Nilai-nilai yang terkandung di dalamnya dan relevansi dengan kondisi masyarakat
Wewangunan omah Jawa iku kebak ing makna, piwulang sing kakandhut iku manawa ditrapake ana ing kahanan jaman saiki mesthi ana sing gathuk ana uga sing kurang mathuk, amarga jaman ngalami owah gingsir anut ombyaking kahanan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar